rega bakpiane sak kotak 12 ewu, dena rasane ana werna-werna, kayata kacang ijo, coklat, keju...(stroberi, nanas, jeruk, duren, pisang, jambu...)
-sing nang njeron tanda kurung kuwi rasa sing arep muncul sasi ngarep, hehehe-
krungu kandane muridku bab rasa kuwi, wetengku dadi kruyuk-kruyuk, sajake bapkia sing ditawaake muridku kuwi pancen uenak temenan..
aku banjur pesen sak kotak, oramung sak rasa, nanging aku njaluk sak kotak rong rasa (2 rasa), yaiku keju lan kacangijo.
~
esuk iki mau muridku teka marang aku ngaturake bakpia pesenanku. blaik...regane dadi 13500, aku rada protes. lha seka ngomah mung diwenehi 12 ewu kok banjur regane dadi 13500.
oooo...nyatane 12 ewu kuwi rega kanggo bakpia rasa kacang ijo, ewadene rasa liyane sak kotak diregani 13500.
yowis, gandheng aku wes pesen banjur tak bayari. idhep-idhep karo tulung tinulung marang pepadhan.
muga-muga uenak yo nak...sesuk tak wenehi khabare bakpia kuwi, saiki arep tak gawa mulih kanggo oleh-oleh marang bojoku.
nuwun...
1 komentar:
Nyoba komentar ah...
Posting Komentar